Rabu, 01 Februari 2012

Pepindhan

Abange kaya godhong katirah
Ali-aline nggunung sapikul
Ayune kaya dewi Ratih
Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun
Bedane kaya bumi karo langit
Bebetane ngadhal melet
Cahyane bingar kaya lintang johar
Brengose nglaler mencok,nguler keket
Cep klakep kaya orong-orong kepidhak
Cahyane bingar kaya lintang johar
Cethile kaya cino craki
Dalane mbathok mengkureb
Dedege ngringin sungsang
Galake kaya macan manak
Gelunge ngadal menek
Ijo kumpul padha ijo kaya bèthèt sayuta
Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
Itenge kaya silet kwali
Jogèdé kaya merak kasimpir
Kedepe kaya lintang
Kesite kaya kadal
kenese kaya Dewe banowati
Klular-klulur kaya tuma
Lakuné kaya macan luwé
Lambéyané mblarak sempal,merak kesimpir
Mantu mbata rubuh
Mundur mungkur gangsir
Ndomblong kaya sapi ompong
Omahé awangun glathik mungup,klabang nyandher
Padhangé kaya rina
Pinteré kaya bisa njara langit
Polahé kaya gabah diinteri
Padha pleg kaya jambe sinigar
Pait brutawali
Petenge ndumuk irung
Plonga-plongo kaya kebo
Putih kumpul putih kaya kuntul arisan
Rikaté kaya angin
Rukuné kaya mimi lan mintuna
Ramene lir prahara nempur wukir
Suguhané mbanyu mili
Sumbaré kaya bisa mutung wesi gligèn
Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
Tekadé kaya geni lan urupe
Tulisané mbata sarimbag
Tulisane kaya bolah ruwet
Tapa ngidang
Tapa nyantuka
Utangé nyundhul empyak
Wangsulané saur manuk

Kamis, 19 Januari 2012

Paribasan Bebasan Lan Saloka

Paribasan yoiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan.
Saloka yoiku unen-unen kang gumathok kang ngemu pepindhan.
Tuladha :

A
Adang adang tetese embun, tegesé njagakke barang mung trima sak olèh-olèhé.
Adigang, adigung, adiguna, tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé. Adigang iku tegesé: kakuwatané. Adigung iku tegesé: gedhéné. Adiguna iku tegesé: kapinterané.
Agama ageming aji, tegesé agama dadi panuntun marang tingkah laku lan bisa ngatonaké sapa sejatining dhiri.
Aja dumeh, tegesé sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dupèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dupèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dupèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabèh menungsa utawa barang sing urip liyanè padha waé.
Aja golek wah, mengko dadi owah, tegesé aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman. Kabèh mau bisa njalari édan dhéwé.
Aji godhong garing utawa aji godhong aking, tegesé wis ora ana ajiné babar pisan. Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasané banjur ora diajèni déning masarakat saubengé. Saking ora ana ajiné prasasat aji godhong garing.
Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, tegesé aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé. Banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo.
Alon-alon waton kelakon, tegesé wong iku ora usah kesusu. Yèn nglakokaké barang iku bisa alon-alon waé, angger kelakon. Yèn kesusu malah ora tekan ing panggonan sing dituju.
Ambeg parama arta, tegesé ndhisikaké tugas kuwajiban sing utama. Dadi nduwèni rasa tanggung jawab sing dhuwur.
Ana catur mungkur, tegesé ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik. Ing ukara iki, tembung catur tegesé omongan utawa pirembugan.
Ana dhaulate ora ana begjane, tegesé wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida.
Anak polah bapak kepradah, tegesé Kelakuané anak iku apa waé sing nanggung wong tuwané. Anak iku dadi tanggungjawab wong tuwané, kalebu kabèh tidak tanduk anak. Yèn ana tindak tanduk anak sing salah, wong tuwa mesthi mèlu-mèlu disalahké wong liya. Sewaliké nèk ana tindak tanduk anak sing apik/bener, wong tuwané biasané mèlu disanjung. Iku sebabé wong tua kudu ndhidhik putra-putriné sing bener, sing ora nyalahi aturan-aturan agama, tata krama lan liya-liyané.
Angon mangsa, tegesé golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan, tegesé nyawang kahanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika.
Asu belang kalung wang, tegesé wong asor nanging sugih.
Asu gedhe menang kerahe, tegesé wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané.
Asu marani gepuk utawa asu marani gebug, tegesé njarak marani bebaya.
Asu rebutan balung, tegesé rebutan barang kang sepélé.
Ati bengkong oleh oncong, tegesé wong sing nduwé niyat ala olèh dalan.

B
Baladewa ilang gapite utawa Gatutkaca ilang gapité, tegesé wong kang ilang kaluhurané. Baladewa iku wayang sing gagah pideksa, nanging wayang yèn ilang gapité ora bisa dienggo déning dhalang. Gapit iku kayu utawa lulang penyu sing kanggo njepit wayang supaya bisa ditancepké ing debog lan bisa jejeg.
Banyu pinerang, tegesé pasulayané sedulur mesthi énggal pulihé.
Bathang lelaku, tegesé lelungan ngliwati panggonan sing mbebayani.
Bathok bolu isi madu, tegesé Wong asor nanging sugih kapinteran.
Becik ketitik, ala ketara, tegesé tumandang apa waé, mengko bakal bisa ketitik(dimangertèni) endi sing becik endi sing ala (ora becik). Paribasan iki uga asring dienggo kanggo ngelingaké supaya ora susah was sumelang yèn tumindak bener, amarga ala-beciké bakal dimangertèni utawa katon.
Belo melu seton, tegesé bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake.
Bubuk olèh lèng, tegesé wong sing duwé niyat ala olèh dalan.
Busuk ketekuk, pinter keblinger, tegesé sing bodho lan sing pinter padha-padha nemu cilaka.

C
Canthing Jali iku tegesé wong kang wis ora bisa diisi menèh pikirané kanggo èlmu. Amarga uteké wis ora nyandhak. Utawa, wong bodho arep sinau ping bola-bali tetep ora bisa pinter.
Cathok gawel iku tegesé ora diajak rembugan, nanging mèlu-mèlu ngrembug.
Car-cor kaya kurang janganan iku paribasan sing tegesé ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.
Cebol nggayuh lintang, tegesé duwé kekarepan sing mokal bisa klakon.
Cecak nguntal empyak, tegesé gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatané.
Cedhak kebo gupak, ateges pawongan kudu bisa wicaksana anggoné kekancan. Kekancan karo wong sing kelakuané ala bakal katut ala. Paribasan liya sing maknané padha ya iku: Cedhak cèlèng boloten.
Cincing-cincing meksa klebus ngemu teges karepé ngirid nanging malah entèk akèh
Criwis cawis, tegesé tansah mbantah prentah nanging sumadya nindhakake.

D
Dahwen ati open, tegese nacad ananging arep dimelik dhewe.
Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan, tegese tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi.
Desa mawa cara negara mawa tata, tegese saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.
Diwehi ati ngrogoh rempela, tegese nyuwun wis diparingi sithik, nyuwun sing akeh.
Dom sumuruping banyu, tegese laku samar utawa meneng-menengan.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan, tegese sanajan wong liya yen ana ora kepenake melu ngrasaake.
Dudutan lan aculan, tegese padha kethikan, sing siji api-api ora ngerti.
Durung pecus keselak besus, tegese durung sembada wis kepingin sing ora-ora.

E
Éman éman ora keduman iku karepé ngéman nanging malah ora keduman dhéwé.
Emban cindhe emban siladan iku paribasa Jawa sing tegesé siji lan sijiné ora padha pangrengkuhé (ora adil).
Embat-embat celarat ku tegesé nyambut gawé klawan ngati-ati banget.
Emprit abuntut bedhug iku tegesé prakara sing sepélé dadi gedhé (padha karo Kriwikan dadi grojogan)
Endhas gundhul dikepeti iku paribasan sing tegesé wis kepénak ditambahi luwih kepénak manèh.
Enggon welut didoli udhet iku tegese panggoné wong pinter dipamèri kapinteran sing ora sepirowa
Entek jaraké iku tegesé wis entèk kasugihané.
Esuk dhele sore tempe iku paribasan sing tegesé méncla- ménclé.

G
Gagak nganggo laring merak iku tegesé wong cilik tumindak kaya wong gedhé.
Gajah alingan suket teki iku tegesé lair lan batin ora padha, mesthi bakal ketara.
Gajah elar iku sarwa gedhé lan dhuwur kekarepané.
Garang garing iku tegesé wong semugih nanging sabeneré kakurangan.
Gupak pulute ora mangan nangkane iku tegesé mèlu rekasa nanging ora mèlu kepénak.
Gegedhen empyak kurang cagak iku tegesé kegedhèn kekarepan nanging ora kuwawa nandangi.
Golek uceng kelangan dheleg iku tegesé amarga kepingin antuk sing luwih aji malah kélangan apa sing wis diduwèni.

H
Holopis kuntul baris

I
Idu didilat maneh
Idu geni.
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani.
Iwak lumebu wuwu

J
Jajah desa milang kori
Jalma angkara mati murka
Jalma limpat seprapat tamat
Jamur ing mangsa katiga
Jaran kerubuhan empyak
Jarit lawas ing sampiran
Jer basuki mawa beya
Jati ketlusuban luyung
Jujul wuwul

K
Kacang mangsa ninggal lanjaran
Kadang konang
Kalah cacak menang cacak
Kandhang langit kemul mega
Katon koyo cempaka sawakul
Kaya banyu karo lenga
Kebat kliwat gancang pincang
Kebo bule mati setra
Kebo ilang, tombok kandang
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudel
Kegedhen empyak kurang cagak
Kelacak kepathak
Kendel ngringkel, dhadhag ora godag
Kependhem pakem
Kesandung ing warata, kebentus ing atawang
Kéré munggah balé
Kutuk marani sunduk
Kutuk nggendhong kemiri

L
Lali karo barute
Ladak kecengklak
Lahang karoban manis
Lambe setumang kari samerang
Lanang kemangi
Legan golek momongan
Lumpuh ngideri jagad

M
Maju tatu mundur ajur:
Matang tuna numbak luput:
Meneng widara uleran:
Menthung koja kena sembagine:
Merangi tatal: Mbalèni pakaryan kang wus rampung, tuladhané, guru mulang murid kanthi wulangan kang wus diparingaké guru liyané.
Mikul dhuwur, mendhem jero:
Mrojol selaning garu:
Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrukebi:

N
Nabok nyilih tangan
Nawu lintang
Ngagar metu kawul
Ngemut legining gula
Nglungguhi klasa gumelar
Nguyahi banyu segara
Ngrusak pager ayu
Ngundhuh wohing pakarti
Nguthik uthik macan dhedhe
Nucuk ngiberake
Nututi layangan pedhot
Nyangoni kawula minggat
Nyunggi lumpang kentheng

O
Obor blarak
Opor bebek mentas awake dhewek
Ora gonja ora unus
Ora mambu enthong irus
Ora ono banyu mili mendhuwur
Ora ono kukus tanpa geni
Ora tembung ora tawung
Ora uwur ora sembur
Othak athik gathuk
Othak athik didudut angel

P
Pakulinan iku kodrat sing kapindho.
Palang mangan tanduran
Pandhitane antake
Pitik trondhol diumbar ing padaringan
Pupur sak durunge benjut
Pupur sawise benjut

R
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Rebut balung tanpa isi: Regejegan perkara kang sepélé.
Rindik asu digithik

S
Sabaya pati, sabaya mukti
Sadumuk bathuk, sanyari bumi
Sandhing kebo gupak
Sapa gawé nganggo
Sapa sira sapa ingsun
Sapa sing salah bakal séléh
Sedhakep awe awe
Sembur sembur adus, siram siram bayem
Sepi ing pamrih rame ing gawe: Seneng tumindak becik marang wong liya tanpa ngarep-arep piwales.
Sing bisa rumangsa, aja rumangsa bisa
Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake
Sumur golek timba

T
Tega larane ora tega patine
Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa
Timun jinara
Timun mungsuh duren
Timun wungkuk jaga imbuh
Tinggal glanggang colong playu
Tumbak cucukan
Tumbu oleh tutup
Tuna sathak bathi sanak
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
Tulung menthung

U
Ubaya saksi.
Ubut saksi.
Udan gemblong omahe wong, udan gaplek omahe dhewe, meksa luwih becik ing omahe dhewe.
Ulah semu.
Ujaring wong pepasaran.
Ula marani gebug.
Ulangan cumbon.
Ulat madhep ati arep.
Ula-ula dawa.
Undhaking pawarta sudaning kiriman.
Undhaking pawarta sudaning titipan.
Undha usuk.
Ungak-ungak pager arang.
Unjal angempan.
Upaya prabeda.
Upaya saksi.
Urik klelet candhu tike.
Urun rembug.
Urun wudhu.
Usung-usung lumbung.
Utange nurut wulu.
Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati.
Utang nyaur, nyilih ambalekake.
Uwot gedebog.
Uyah kecemplung segara.

W
Wis kebak sundukane
Witing tresna jalaran saka kulina
Wiwit kuncung nganti gelung
Wong legan golek momongan

Y
Yitna yuwana lena kena
Yiyidan mungging rampadan
Yoga anyangga yogi
Yuyu rumpung mbarong rongé

Tembung Andhahan

Tembung Andhahan yoiku tembung lingga kang wis owah saka asale, Tembung lingga owah amergo ketambahan:
  • Ater-ater, tuladha : dak tuku
  • Seselan, tuladha : lumaku
  • Panambang, tuladha : ambune
  • Tembung rangkep, tuladha : ibu-ibu
  • Kecambor, tuladha : sandang pangan

Tembung Lingga

Tembung lingga yoiku tembung sing durung owah saka asale(kata dasar),Tembung lingga duwe teges kang bisa beda nalika wis diwenehi ater-ater utawa panambang
Tuladha:
  • Sapu
  • Arit
  • Pangan
  • Tulis
  • Laku
  • Lan liyo liyane

Rabu, 18 Januari 2012

Pasangan Hanacaraka

Aksara Jawa

Selasa, 17 Januari 2012

Candrane Perangan Awak

Alise nanggal sepisan
Astane Nggandhewa gadhing
Athi-athine ngudhup turi
Bangkekane nawon kemit
Bathuk'e nyela cendhani
awake ramping
bangkekane nawon kemit
bathuke nyela cendhani
bokonge manjang ngilang
brengose nglaler menclok,nguler keket
cahyane sumunu,sumunar,ngalentrih
drijine mucuk eri
godhege simbar rumembun
gulune ngelung gadhung
gulune ngolan-olan
eseme kaya madu
eseme pahit madu
idepe tumenga ing tawang
irunge mbangir,ngudhup mlathi,kencana pinatar
kempole nyikil walang,ngembang pudhak
lakune macan luwe,mager timun
lembehane mblarak sempal
lambene manggis karengat,nggula satemlik
lengene nggandhewa pinenthang
mripateblalak-blalak,ndamar kanginan
netrane liyep alindri
pakulitane ngulit langsep,ireng manis
pamulune ambengle kiris,prada binabar
pawakane gagah pidegsa,ramping
pipine nduren sajuring
polatane ruruh jatmika
praene sumunar
pundhake nraju emas
rambute ngandhan-andhan, ngembang bakung
sinome micis wuncah mbibis mabur
slirane sidhet singset
solahe merak ati
susune nyengkir gadhing
swarane ngombak banyu
tangane nggandhewa pinenthang
tungkake bunder lir jinangka
ulate sumeh / sumunar
untune miji timun,ngelar kombang
wange ngungkal genang,nyangkal putung
watake andhap asor
wentise mukang gangsir,ndamen meteng

Sebutane Anak

Ontang-anting : Anak siji lanang
Untang-unting : Anak siji wadon
Uger-uger lawang : anak loro lanang kabeh
Kembang sepasang : Anak loro wadon kabeh
cukit dhulit : anak telu lanang kabeh
Gotong mayit : Anak telu wadon kabeh
Saramba : Anak papat lanang kabeh
Sarimpi : Anak papat wadon kabeh
Pandhawa : Anak limo lanang kabeh
Pancagati : Anak limo wadon kabeh
Kedhana-kedhini : Anak loro lanang wadon
Sendhang kapit pancuran : Anak telu lanang-wadon-lanang
Pancuran kapit sendang : Anak telu wadon-lanang-wadon
Keblat papat : anak papat lanang wadon
Padhangan : Anak limo wadon siji
Ipil-ipil : Anak limo lanang siji
Kembar : Anak loro lair bareng
Kembar gantung : Bocah kembar lair sedina
Dhampit : Anak loro lanang wadon lair bareng
Gilir kacang : Anake akeh giliran lanang wadon
Lumpat kidang : Anake akeh ora giliran lanang wadone
Gendhong : Anak wadon sing ana ing tengah-tengahe anak lanang
Pathok : Anak lanang sing ana ing tengah-tengahe anak wadon
Gondhang kasih : Anak loro beda pakulitane
Pambarep : Anak nomer siji
Penggulu : Anak nomer loro
Pandhadha : Anak nomer telu
Sumendhi : kakang wuragil
Wuragil : anak sing keri dewe
Yatim : Bocah sing lair ora menangi bapak
Lola : Bocah sing wis ditinggal wong tuwane

Senin, 16 Januari 2012

Arane Wong

Jaka : Bocah lanang sing wis diwasa durung rabi
Jaka Jebug : Jaka sing wis tuwa
Dhudha : Wong lanang sing wis ora nduwe bojo
Dhudha kembang : dhudha sing iseh enom durung nduwe anak
Dhudha kawuk : Dhudha tuwek
Kaki : Wong lanang sing wis tuwo banget
Prawan : Bocah wadon sing wis diwasa durung rabi
Prawan sunthi : Prawan sing iseh cilik
Prawan gendor : Prawan tuwek
Randha : Wong wadon sing wis ora ndue bojo
Randha tanggung : Randha sing iseh enom
Randha kembang wulanjar : Randha sing durung nduweni anak
Nini : Wong wadon sing wis tuwa banget

Prenahe Paseduluran

Sedulur iku tunggal bapak ibu,
Misanan : Sedulur tunggal embah, nakndulur
Mindhoan : Sedulur tunggal buyut
Keponakan : Anak'e sedulur
Putu : Anak'e anak
Paklik/Bulik : Adhine bapak/ibu
Pakdhe/Budhe : Kakang/mbakyune bapak/ibu
Anak mantu : Bojone anak
Putu mantu : Bojone putu
Morotuwo : Wong tuwane bojo
Beresan : Wong tuwane mantu
Ipe : Sedulure bojo
Pripean : Ipene sedulur
Sedulur kuwalon : Tunggal bapak seje ibu/tunggal ibu seje bapak
Bapak kuwalon : Bapak sambungan

Urutane Keturunan

Munggah
Anak-Bapak/Ibu-Embah-Buyut-Canggah-Wareng-Udheg udheg-Gantung Siwur-Grepak Senthe

Mudun

Anak-Putu-Buyut-Canggah-Wareng-Udheg udheg-Gantung Siwur-Grepak Senthe

Swarane Kewan

Swara Asu - Jenggong,njegug,mbaung
Babon - Petok
Dara - Mbekur
Jago - Kluruk
Jran - Mbeker
Jangkrik - Ngerik
Kodok - Ngorek
Kucing - Ngeong
Sapi - Bengah
Wedus - Gembrek

Solahe Kewan

Solahe Asu diarani Nyathek
Babon - Nladhung
Jago - Nladung Mendel
Bebek - Nyosor
Iwak - Nylurut
Kebo,sapi - Nggudag
Ula - nglungsumi

Arane Gaman Kewan

Gamane Jago diarani Jalu,Cucuk
Asu - Siyung,Kuku
Gajah - Gadhing,Tlale
Jaran - Silik
Kebo,Sapi - Sungu
Tawon,Kalajengking - Entup
Landak - Wulu eri
Lele - Patil
Ula - Wisa
Badak - Cula
Yuyu - Supit

Arane Anak Kewan

Anak Ampal Diarani Embug
Angkrang - Kroto
Asu - Kirik
Pitek - Kuthuk
Babi - Gembluk
Bandeng - Nener
Bantheng - Wereng
Banyak - Blengur
Baya - Rete
Bebek - Meri
Bethik - Mentre
Blanak - Sendha
Brati - Tongki
Budheng - Kowe
Bulus - Ketul
Cacing - Lur
Cecak - Sawiyah
Celeng - Genjik
Coro - Mendhet
Dara - Piyik
Dhorang - Tamper
Emprit - Indil
Gagak - Engkak
Gajah - Bledug
Gangsing - Clondho
Garangan - Rase
Garengpung - Drungkuk
Gemak - Drigul
Glathik - Cekrekan
Gundik - Laron/rayap
Iwak - Beyong
Jangkrik - Gedholo
Jaran - Belo
Kadhal - Tobil
Kakap- Caplek
Kalajengking - Ketupa
Kancil - Kenthi
Kebo - Gudel
Kecapung - Jenthit
Kemangga - Ceriwi
Kepik - Mreki
KIdang - Kompreng
Kethek - Munyuk
Kodhok - Precil
Kombang - Engkuk
Konang - Endrak
Kremi - Racek
Kucing - Cemeng
Kupu - Uler
Laler - Set
Lawa - Kampret
Lele - Jabrisan
Luwak - Kuwuk
Macan - Gogor
Menthok - Minthi
Sapi - Pedhet
Singa - Dibal
Twon - Gana
Tikus - Cindhil
Tumo - Kor
Wedus - Cemple
Yuyu - Beyes

Arane Wit

Wit Aren diarani Ruyung
Gedhang - Debog
Jagung - Tebon
Jambe - Pucang
Kacang - Rendeng
Kapuk - Randhu
Krambil - Bogor/Glugu
Mlinjo - So/Bego
Pari - Damen
Pohong - Benggol
Pring enom - Bung
Pring tuwek - Bungkilan
Siwalan - Tal/Bogor
Telo - Lung

Arane Godhong

Godhong Aren diarani Dliring
Asem - Sinom
Cocor bebek - Tibo urip
Dhadhap - Tawa
Gedang enom - Pupus
Gedang Tuwek - Ujungan
Gedang Garing - Klaras
Gebang - Kajang
Jambe - Pracat
Jarag - Bledheg
Jati - Jompong
Kacang brol - Rendeng
Kacang lanjaran - Lembayung
Kates - Gampleng
Kecipir - Cethethet
Kelor - Limaran
Kemladheyan - Kumuda
Kluweh - Kleyang
Krambil enom - Janur
Krambil tuwek - Blarak

Arane Isi

Isi Asem diarani Klungsu
Cipir - Botor
Duren - Pongge
Jambe - Jebug
Kapas - Wuku
Kates - Trempos
Kluweh - Bethem
Krambil - Kenthos
Mlinjo - Klathak
Nangka - Beton
Pelem - Pelok
Randu - Klentheng
Salak - Kenthos
Sawo - Kecik
Semangka - Kuwaci

Arane Woh

Woh Aren diarani Kolang-Kaling
Bengkoang - Besusu
Cengkeh - Polong
Gebang - Krandhing
Gembili - Katak
Jati - Jenggleng
Kanthil - Gandhek
Kelor - Klenthang
Pandaneri - Padhaga
So - Mlinjo
Tal - Siwalan
Turi - Klenthang
Uwi - Katak
Widara - Anyang

Arane Pentil

Pentil Asem diarani Cempaluk
Jagung - Janten
Jambe - Bleber
Jambu - Karuk
Kacang - Besengut
Krambil - Bluluk, Cengkir,Degan
Manggis - blibar
Nangka - Gori
Pelem - Pencit
Randhu - Plencing
Semangka - Plonco
So/Mlinjo - Kroto
Timun - Serit

Minggu, 15 Januari 2012

Arane Kembang

Kembang Aren diarani Dangu
Blimbing - Maya
Blutru - Montro
Cengkeh - Polong
Cubung - Torong
Dhadhap - Celung
Duren - Dlongop
Ganyong - Puspanyindra
Garut d- Grameng
Gebang - Krandhing
Gedhang - Ontong
Gembili - Seneng
Jagung - Sinuwun
Jambe - Mayang
Jambu - Karuk
Jarak - Juwis
Jati - Janggleng
Jengkol - Kecuwis
Kacang - Besengut
Kanthil - Gadhing
Kapas - Klentheng
Kara - Kepek
Kecipir - Cethethel
Kelor - Limaran
Kemlandhingan - Jedhidhing
Kencur - Sedhet
Tales - Pancal
Kluwih - Onthel
Kopi - Blanggreng
Krambil - Manggar
Krokot - Maknik
Lamtara - Jedhidhing
Lombok - Menik
Mlinjo(so) - Kroto
Nangka - Angkup
Nipah - Dongong
Pandhan - Pudhak
Pace - Nyewenteh
Pete - Pendul
Pohong - Ingklik
Pring - Krosak
Randu - Karuk
Salak - Ketheker
Suruh - Drenges
Tebu - Glagah
Timun - Montro
Widara - Rejasa

Your Ad Here