Ontang-anting : Anak siji lanang
Untang-unting : Anak siji wadon
Uger-uger lawang : anak loro lanang kabeh
Kembang sepasang : Anak loro wadon kabeh
cukit dhulit : anak telu lanang kabeh
Gotong mayit : Anak telu wadon kabeh
Saramba : Anak papat lanang kabeh
Sarimpi : Anak papat wadon kabeh
Pandhawa : Anak limo lanang kabeh
Pancagati : Anak limo wadon kabeh
Kedhana-kedhini : Anak loro lanang wadon
Sendhang kapit pancuran : Anak telu lanang-wadon-lanang
Pancuran kapit sendang : Anak telu wadon-lanang-wadon
Keblat papat : anak papat lanang wadon
Padhangan : Anak limo wadon siji
Ipil-ipil : Anak limo lanang siji
Kembar : Anak loro lair bareng
Kembar gantung : Bocah kembar lair sedina
Dhampit : Anak loro lanang wadon lair bareng
Gilir kacang : Anake akeh giliran lanang wadon
Lumpat kidang : Anake akeh ora giliran lanang wadone
Gendhong : Anak wadon sing ana ing tengah-tengahe anak lanang
Pathok : Anak lanang sing ana ing tengah-tengahe anak wadon
Gondhang kasih : Anak loro beda pakulitane
Pambarep : Anak nomer siji
Penggulu : Anak nomer loro
Pandhadha : Anak nomer telu
Sumendhi : kakang wuragil
Wuragil : anak sing keri dewe
Yatim : Bocah sing lair ora menangi bapak
Lola : Bocah sing wis ditinggal wong tuwane
Selasa, 17 Januari 2012
Sebutane Anak
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar
Komentar Dipun Sumanggaaken...!!!